Jumat, 10 Juni 2016

Sesaji Kembang Setaman

Conto luhure peradaban Jawa, yaiku tradisi sesaji ing malem Jumuwah Kliwon utawa Selasa Kliwon.
Wujude sesaji ‘kembang setaman’ kang ing esuke disebar ing prapatan dalan utawa plataran omah. Akeh kang nganggep laku budaya iki klenik, tahayul, lan syirik. Nanging coba tak aturi nyimak rapal mantrane nyebar kembang, mangkene:

“Ora nyebar kembang, nanging nyebar kabecikan. Gusti Ingkang Maha Kuwasa keparengna Paduka paring kawilujengan lan karahayon dhumateng sedaya titah Paduka ingkang langkung ing prapatan (plataran) punika.

” Lha mbok wujud gendruwo, coro, utawa kirik sing liwat katut disuwunake keslametan lan karahayon. Mangga dipenggalih maning son..... aja kaya kuwe lah..... :-D :-D

Salam 3 S
Teguh Rahayu Wilujeng

1 komentar: